Harmoko

Harmoko
Ketua Majelis Permusyawaratan Rakyat 9
Linggih
1997 – 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéWahono
Linggih
1998 – 1999
PrésidhènBaharuddin Jusuf Habibie
Kang sawiséAmien Rais
Ketua Dewan Perwakilan Rakyat 11
Linggih
1997 – 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéWahono
Linggih
1998 – 1999
PrésidhènBaharuddin Jusuf Habibie
Kang sawiséAkbar Tandjung
Mantri Komunikasi dan Informatika Républik Indonésia 22
Linggih
19 Maret 1983 – 16 Maret 1997
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéAli Murtopo
Kang sawiséR. Hartono
Rerincèn dhiri
Lair (1939-02-07) Fèbruari 7, 1939 (umur 85)
Nèderlan Kertosono, Nganjuk, Jawa Timur, Hindia Nèderlan
AgamaIslam

Harmoko (lair ing Désa Patihanrowo, Kertosono, Nganjuk, Jawa Timur, 7 Fèbruari 1939; umur 85 taun) ya iku pulitikus Indonésia kang tau dadi Mantri Penerangan Républik Indonésia ing mangsa Orde Baru, lan Ketuwa MPR ing papréntahan BJ Habibie.[1] Dhèwèké tau dadi ketuwa Persatuan Wartawan Indonésia, lan dadi Mantri Penerangan ing ngisore papréntahan Soeharto.[1]

Ing taun 1960-an, sawisé lulus saka SMA, dhèwèké kerja dadi wartawan lan uga kartunis ing Harian Merdeka lan Majalah Merdeka.[1] Ing taun 1964 dhèwèké nyambut gawé dadi wartawan ing Harian Angkatan Bersenjata, lan Harian API ing taun 1965.[1] Saliyané iku, dhèwèké uga dadi pemimpin redaksi majalah basa Jawa, Merdiko (1965).[1] Sawisé iku ing taun (1966-1968), dhèwèké dadi pemimpin lan penanggung jawab Harian Mimbar Kita.[1]

  1. a b c d e f HARMOKO HOME Archived 2012-01-28 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 19 Juni 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search